Ujarkua uripe wong kepenak, jebul ya anu ketone tok.
Darmi maca
alon-alon pesen WA-ne Sulastri. Kancane mbiyen pas esih cilik. Deweke terus
meng akun facebook-e Sulastri. Postingane maen-maen kabeh. Poto-potone ya keton
semringah. Lah koh WA kaya kuwe. Curhate maraih ndlohom. Masa sih, wong kaya
Lastri, celukane deweke, ora bahagia. Masa wong sing status FB-ne keton bungah
mblarah-mblarah, jebule ngingu gunung merapi neng njero atine. Siki ketone agi
erupsi, pada mbleber cerita kahanan sing sebenere tuk siji. Duh, jan. Muga-muga
enggane koh njeblug, awune esih terkendalikan.
[Kye tembe baen.
Bojoku ora gelem tek gawani sega. Jerene arep ora dipangan. Kepeksa baen
sarapan anu mbok wetenge lara. Nek masak ayam tah iya, segane pada nambah
bola-bali. Nek agi kaya kiye, tutup
segane tok sing dibukak, terus pada lunga maning. Nyong telpon, ya, Mi, Darmi?]
Urung ben dijawab,
Lastri wing telpon. HP ne Darmi nggerung-nggerung.
“Nyong kepengin
pegatan, tapi anakku loro kepriwen, ya, Mi, Darmi?”
“Ish. Istighfar
gipit.”
Darmi kepengin
ngomong akeh, tapi diengken. Lastri agi ora kepengin krungu omongan, tapi
njaluk dirungokna.
“Jajal bayangna!
Masa nyong wis 9 tahun umah-umah. Seprene ben urung tahu ulih bulanan kang sing
lanang. Gajiane kur nggo biyunge, karo kebutuhane dewek. Madang, bayaran
sekolah bocah, ngontrak umah, kabeh dadi tanggunganku. Model lanangan apa jajal
kaya kiye?!”
Darmi ngrungokna
curhate Lastri karo ndodok neng ndhuwur dingklik. Deweke arep njagong, nguceki
gombalan janeh, tapi wurung, merga dicurhati kanca zaman cilike.
Ukur ngrungokna
tok, tapi rasane kaya agi ditempilingi. Kepengin melu emosi, menyat temandang
ngomeh bojone, tapi ya sidane ukur ngedunna sikil meng tehel, njagong neng
ndhuwur dingklik.
“Kesel banget
lah, Mi, Darmi. Keseeel! Ora ukur tenaga, tapi batin karo pikiranku cunthel
siki. Uwanku wis kebek sesirah. Kayane ya anu kakehen beban mbok.”
Darmi mbayangna Lastri sing miyen paling ayu dewek neng kelas, agi ndodok karo telpon, rambute putih kabeh.
Darmi mbayangna Lastri sing miyen paling ayu dewek neng kelas, agi ndodok karo telpon, rambute putih kabeh.
“Jajal ambekan
sing dawa gipit, Tri, Lastri.”
“Uwis.”
“Nah, ambekan
maning.”
“Uwis.”
“Diulangi, ya?”
“Uwis.”
Darmi urung sida
ngomong apa-apa, ngepasi karo bojone teka kaya ngamput kebelet nguyuh.
“Maaak! Ngapa
sih telpon deneng ngongkon ambekan? Agi ngaba-ngabani senam, apa ana sing arep
babaran? Kober temen koh. Kye arep ngucek apa arep telpon?”
Darmi ngadeg.
Deweke ora njawab, kur mlebu meng dapur.
“Nek wis
rampung, ndang mlebu, Kang. Kiye anu urusane wong wedon. Ora usah kepengin melu
baen.”
“Telponan karo
sapa ndipit?”
“Lastri. Batir
cilik miyen.”
Mbarang krungu
jenenge Lastri, Kadrun langsung mlebu njero umah. Ora curiga, ora kepengin
ngrungokna. Palinga ya agi ngerumpi.
Darmi siki
nggeret kursi. Njagong karo sendehan. Tangane ngiling banyu anget kang
dispenser.
Terus HP-ne
ditempelna maning meng kuping kiwo.
“Ngapurane, Tri,
Lastri. Miki ana bojoku liwat.”
“Ya, ra papa.
Koe lah ketone adem ayem. Tentrem. Ora tau ribut, ya, Mi, Darmi?”
Darmi ambekan
ping telu, terus nembe semaur.
“Ya muga-muga
baen, ya, Tri, Lastri?”
Darmi wis siap ngrungokna
curhate Lastri maning, tapi kaya ana suara wong lanang nyeluk kang adohan.
Nyeluk Lastri. Kayane bojone.
“Ngesuk maning
nyong telpon, ya, Mi, Darmi?”
Darmi
manthuk-manthuk, ora sadar, nek Lastri ya ora bakal weruh deweke kaya kuwe,
genah agi telepon.
Bar kejadian
kuwe, Lastri suwe pisan ora tau telepon Darmi maning. Darmi kur ndonga neng
njero dada, muga-muga Lastri nampani kahanan sing lewih apik siki. Jebule, urip
pancen sawang sinawang. Pada kur ndeleng kang njaba. Sing ketone bahagia, urung
karuan bahagia. Sing ketone nangis baen, ya kadang tetep ana ngguyune. Urip ora
bisa dinilai kang poto sing diposting neng media sosial.
Rika setuju kan,
bab kiye?
Comments
Post a Comment
Terima kasih sudah berkunjung ... sangat senang bila Anda meninggalkan komentar, atau sharing di sini. Mohon tidak meninggalkan link hidup.
Salam santun sepenuh cinta
Kayla Mubara