Rezeki Sing Ngageti


Yu Darmi teka maning. Njaluk ngapura ya gole posting mandan suwe. Jan janeh ana bab sedurunge kiye. Tapi urung ditulis. Judule 'Supri Korban Bully'. Critane, Pengumumane lomba diundur. Mbasa pengumuman njedul, jenenge Darmi langka. Jebule ana ralat. Wektu kuwe Darmi agi lemes, malah Supri teka nggawa pite sing setange protol, raine bengep bar diajar batire. Mbok gawe emosi rika pada sing agi leyeh leyeh minggon. Ya kie gipit ya sing tek posting. 

*** 
Darmi mbukak website penyelenggara lomba nulis kisah inspiratif. Neng kana akeh tulisane sing pada menang lomba saben taune. Kit juara siji tekan telu, tulisane para pemenang dijembreng kabeh. Deweke gari ngeklik, terus maca. Alon-alon, Darmi, sing duwe jeneng Sudarmi, siki nganggo jeneng pena 'Sudarmi Larasati' ketemu model tulisan sing cocok. Bisa ditiru modele. Paling kepenak ditulis dibanding liya-liyane. 

Darmi mbukak catetane neng buku sing samake kembang-kembang. Deweke ngreng-reng maning dalan cerita sing arep ditulis. Dawane paragraf ya direncanaknya rampag. Ana dialoge, tapi ora akeh-akeh. Darmi ngetik nganggo HP. Nganggo aplikasi sing bisa nulis, kaya nulis karo laptop. Bisa diatur nganggo word docx, senajan kudu nutuli huruf tuk siji. Miyen, deweke tau tuku keyboard nggo ngepenakna ngetik, khusus HP. Supri ngutak-atik ngantek dadi rongsokan. Bar kuwe ora tuku maning. Nrimakna nganggo jurus tutul menutul. 

Agi nulis karo sendean saka, anake lanang teka. 

"Mak. Ban pitku bocor maning." 

"Ya yuh menggone Mbah Pandi. Diganti. Bengkel pedek, kayane tetep bisa nglayani nek karo tanggane. Nek meng bengkel prapatan kana ya kayane tutup. Wong mangsan virus corona." 

"Ya, Mak." 

Supri manda-mundu arep nembung njaluk pit maning. Ketone raine mamake agi kurang bungah. Tapi kekarepane duwe pit ya wis mbandreng banget. Supri mbayangna, nek pite anyar, bisa pit-pitan karo batire, tuk pinggiran sawah. Siki batire langka sing gelem disrawungi amarga pite kaya medi sawah bubrah. 

"Pitmu elek. Ora balane dewek!" 

Kuwe omongane batire. Supri mrebes mili. Sikile ngonthel banter banget, banjur bali karo riwesan. Tekan ngumah, Supri nglosod aring mamake. Darmi melu nlangsa. Engganeh melas temen bocah, kur gara-gara pite elek ben batire pada minggir. "Aja ngelamun, Pri! Ayuh mangkat siki!" Supri celingukan. Tangane ngukuri sirah sing ora gatel. Deweke langsung ngadeg, manut karo omongane mamake. Nuntun pit, mlaku ngetan. 
*** 

Darmi wis nandani dina pengumuman hasil lomba nulis kisah inspiratif sing temane Hijrah. Tanggalan neng kalendere dibunderi nganggo spidol abang, men jelas kewaca. Senajan kaya kuwe, Darmi kelalen, nek siki kuwe dina pengumane. 

Darmi wis tangi kit jam loro. Siki deweke niat puasa Senen. Sedurunge wis taren karo Kadrun. Agi mangkela, nek puasa ya taren gipit. Apamaning siki, Kadrun resmi ora mangkat kerja. WFH. Work from Home. Kerja dari rumah. Lah anu sekolah neng desa, ora kabeh wong tua nduwe HP, ya pembelajarane ora bisa nganggo aplikasi zoom kaya liya-liyane. Seminggu pisan, Kadrun meng sekolahan. Setor soal-soal nggo muride. Wong tuwane muride pada teka meng sekolahan. Dijadwal men ora rubung-rubung. Manut protokol covid 19 pokoke. 

"Ora usah kesregepen aweh tugas lah, Kang. Kaeh nyong diprotes biyune muride rika. Jere ya men lah bocah sinau karo alam. Ora biyunge kong mulang, ndampingi nggarap soal sing jawabane ora ngerti. Wis keteteran momong anak akeh. Men anake kon mandan santai. Wis taunan nggarapi PR baen."

 "Ya ngesuk dikurangi soale. Nyong kan anu kur manut karo kepala sekolah." 

Kuwe dopokane Darmi karo bojone. 

Darmi cekatan nyiapna sarapan. Tempe goreng wuda, tege bayem, karo sambel kosrek. Bar shubuh, Darmi mlaku-mlaku karo Supri neng pinggiran sawah sing sepi. Kadang nglewati bates desa sing dipalang karo pring, papan, lan kayu. Ana tulisane 'Desa Mblekathak Stop Penyebaran Covid 19'. Rika ora usah repot-repot mbukak google map nggo nggoleti alamat desa Mblekathak. Ora bakal ana. Anggep baen desa terpencil sing pada-pada terdampak covid 19. Desa sing mandan jarang wong nganggo masker, sebagian gede wonge kerja neng sawah, nderes wit krambil. Siji loro sing dadi guru kaya Kadrun. Ben siki ya ora tampa honor jere. 

Awan sethithik, deweke sembayang Dhuha. Ndonga, terus nderes sedela. Kadrun ya esih ngeloni guling. Supri wis pit-pitan mondan mandir neng tritikan umah. Darmi banjur mbukan HP. Niate arep ngiklan, tapi akeh banget chat kang batir-batire sing penulis senior. Ya janeh diomong senior kuwe anu wis lewih gipit rajin nulis, dibanding deweke. Senajan lulusan SMA, wong ndesa, bakulan on line, Darmi ya melu komunitas nulis, nggo srawung, nggo sinau men bisa nulis lewih maen. Jeneng komunitase 'Temu Penulis Sorgana'. Sorgana kuwe kecamatane desa Mblekathak. Pisan maning, ora usah nggoleti panggonane neng peta. Ora nana. 

[ Calon bintang baru. Sudarmi Larasati ] 

[ Jos lah rika. Dodol cawet, jebul pinter nulis ] 

[ Wah batirku canggih. Juara loro lomba nulis ] 

[ Ngesuk nyong utang lah ya. Koe ulih duit telungjuta. Tek silih separo ] 

Darmi maca tuk siji pesen kang batir-batire. Pikirane mandan padang. Ora mikiri polaeh Kadrun baen. Darmi mesam-mesem maca pesen sing arep utang. Mbuh guyon, mbuh temenanan. Sing jelas kae anu utang telung tahun mbiyen ben urung mbayar. Ora arep ngutangna maning lah. 
***

Supri dirubung batire. Siki sapa baen njaluk deweke dolan bareng. Ora nana maning pit bodhol sing kaya medi sawah bubrah. Pite paling maen dibanding karo pite bocah sedesa Mblekathak. 

"Nyong mengko nyilih sedela ya, Pri?" 

"Nyong nyilih barmu." 

"Nyong ya arep njajal ya, Pri?" 

"Pitmu maen banget koh. Kinclong, Pri!" 

Supri ukur mathuk-manthuk. Darmi nyawang kang teras. Siki atine anget. Kekarepane Supri bisa dituruti. Gusti Allah mboten sare, sedulur. Kye jenenge rezeki sing ngageti. Sing tekane ora kang arah dewek bisa tebak, tapi tetep ana ikhtiar sing mbarengi tawakkal. Rika kabeh wis pinter lah bab kiye. PC, Yk, 10.06.2020 #ElegiDarmi (5)

Comments