Manuk Sing Wurung Dithuthuk



Design: canva




Darmi wis niat arep ngengeti jangan kacang sing enak banget. Tambah dinget, jangan kacang tambah sedep. Senajan secara kesehatan jere ora apik, tapi genah kahanane Darmi sing kudu ngirit, ya ati-ati gole mangan. Diirit-irit, apamaning wis semingguan kiye urung closing gole ngiklan cawet, beha, kaus kutang, karo panci. 


Darmi wis ngadeg neng ngarep kompor. Neng nduwure ana waja sing ditutupi tutup panci bolong. Wong wedon sing umure 35 taun kuwe ijig-ijig medekna raine meng ndhuwur tutup panci. Ana ireng-ireng, ana werna semu putih. Mandan methuthuk, tapi cilik, ukurane kira-kira sejenthik. Irunge kaya irung marmut. Kembang kempis, ngendus-endus ambune. 

Mbelek dara?

Darmi narik ambekan kang irung, ngetokna abab kang mulute. Jebul ora ukur neng ndhuwur tutup panci, tapi neng pucuk ndhuwur wajan ya ana sing liyane. Mandan amba kaya peyek tugel. 'Mbelek dara?' Darmi balik kanan, mlaku meng ngarep lawang kamar. 

"Kaaang! Tangiii! Darane rika dikencangi laaah. Masa ngising neng nduwur tutup jangan? Ujarku arep tek ngeti malah ana tembeleke kyeh!" 

Kadrun esih ngeloni bantal guling. Wis dadi kebiasaane nek bar subuh deweke mapan maning. Jan janeh Darmi wis arep ora ngongkreg-ongkreg bojone nek turu bar subuh, soale wis ceramah karo akeh model. Kawit modele UAS, Uje, sampekan Uwaaa-uwooo, alias Tarzan, dijajali kabeh, tapi Kadrun esih ajeg baen. 

"Nangapa ujarkua? Isuk-isuk ribut, ya?" 

"Manuke rika diurusi. Darane kaeh. Masa pating tlanjik neng dapur. Ngising nengendi-ngendi. Mbok nek ingon-ingon sing ana kasile ngapa sih? Ngingu bebek apa pithik, kena didol. Lah ngingu daraaa? Kur nggo klepekan tok, mbuang-mbuang wektu. Jajal awas ya, nek Supri melu-melu rika nglepeki dara, nyong arep ora masak. Nganah masak dewek!" 

Kadrun ngulet meng kiwo. Bantal gulinge digawa pindah marep ngidul. Mbokongi lawang kamar. Nggegeri Darmi. Darmi mlaku banter medeki amben. Gulinge sing agi dikeloni Kadrun dilorod. Diontalna meng pojokan kamar. 

"Gari dibuang jangane lah. Rungseb temen ujarkua," semaure Kadrun.

"Ya sidane ora sida ngirit. Tapi ngorot kiye, Kang. Sembeleh lah darane, nggo lawuh madang." 

"Aja seeeh. Engko sore arep klepekan enyong. Aja ngulaih kesenengane wong koe!" 

Kadrun esih ngrungkel baen. Darmi mbalek meng dapur. Siki tangan tengene njiot soled, terus ditutukna meng waja. Pas kuwe darane Kadrun mabur, arep kabur. Darmi wis arep mbalangna soled meng manuk dara mau, nek ora arep dithuthuki. Untunge ana suara sing paling gawe adem. Dadi ora sida nutuk manuk. 

"Maaak. Sarapan karo apa kiye? Nyong wis adus." 

Jebule Supri wis gagah nganggo klambi putih-abang. Deweke agi nganggo dasi. Darmi bingung. Tempe urung ana. Ndog apa maninga. Deweke terus mlebu kandang dara. Ana ndog dara telu nggletak. Darmi mesem. Ambekane bisa ditata maning. Ora megap-megap kaya maune. 

"Karo dadar ndog, Pri. Dienteni sedela, ya?" 

***

 Seprapat jam bare Supri mangkat sekolah, Kadrun menyat. Biasane mangkat kerja 30 menit sedurunge bocahan mlebu. Kadrun kerja neng SD Othok-Othok. Ora usah digoleti neng peta. Ora bakal ketemu. Deweke dadi guru honorer. Kae luh sing penggaweane nganggo klambi resik, seragam khusus. Selalune kembul karo wong wangi. Ya mendingan. Ora nyawang tembelek. Beda karo Darmi, abendina siraeh kaya arep njebluk, mergane isuk, sore, awan, wengi weruh tembelek dara, ingon-ingone Kadrun. 

Sedurunge mlebu kamar mandi, Kadrun medeki kandang dara. Deweke clingak-clinguk ngileng-ilengi petarangan. Bathuke mungkret ana garise telu. 

"Maaak! Mamakeee! Ndoge manukku digondol tikus apa, ya?"

Cokane Kadrun nyeluk 'Mak', cokane 'Mi Darmi' aring bojone wedon. 

Darmi mesam-mesem karo ngasaih panci neng dapur. Atine semaur marem banget, Rasaknaaa yaaa. Tek goreng mau endoge nggo sarapan Supri. Suara banyu kemricik kang kran siki wis dipateni. Darmi ngesogna panci, terus mlaku meng lawang pedhek kandang dara. 

"Iya mbokan, Kang," jawabe karo ngamput ngguyu. 

Pondok Cahaya, Yk, 03.06.2020

Comments