Ati Pecah, Kepriwe Njagani Men Ora Bubrah?

Canva 

Kadrun agi ora patia seneng dolanan dara. Manuk ingon-ingone siki mandan ora keurus. Biasane Darmi ngongkon Supri ngempani. Sore kiye Darmi nyekel sapu. Udu agi nyapu, tapi agi nggusah dara sing kebanjur mlebu ngumah. Manuk sing wulune ireng semu abu-abu, siki agi temingkring neng ndhuwur meja makan. 

"Metuuu!"

Krungu suwarane Darmi, darane mau malah mabur, mlebu kamar. Temingkring meng ndhuwur jendela. Umah sing urung dipasangi ternit marakna dara bisa mabur mengendi baen. Darmi ngecung-ngecungna sapu karo moni, "Hush! Hush! Hush!" 

Siki darane pindah meng kamare Supri. Digusah maning, pindan meng ruang tamu. Darmi mulai emosi, soale pas menclok neng meja, manuk cilik kuwe malah karo ngising. Darmi ngecungna sapune maning. Siki darane wis mabur metu meng teras. 

"Lah. Rika agi hape hapean neng kene jebule, Kang? Ngerti sing wedon nggusaih dara deneng meneng baen?" 

Kadrun agi njagong. Sikile slonjor, gegere nyender aring tembok. Deweke kaya ora krungu pertakonane bojone. 

"Kang!" 

Kadrun narik gegere kang tembok. Raine celingusan kaya bocah cilik pas kewenangan nyolong rambutane tanggane. 

"Eh. Iya. Anu kepriwen?" 

Kawit sore kuwe, Kadrun keton sering banget kaget nek diceluk. Suwe-suwe Darmi curiga. Jan jane gole nyekeli HP anu agi mbahas apa, karo sapa? 
*** 

"Enyong ora seneng karo deweke. Nek seneng ya wis tek dadekna bojo." 

"Jenenge selingkuh. Senajane kur selingkuh rasa, ya ora nana sing niat ndadekna bojo lah Kang. Nek didadekna bojo ya jenenge paling ora 'calon istri', udu selingkuhan!" 

Darmi riwesan. 
Mau mbengi, pas Kadrun wis turu, deweke mbukak HP ne. Jebul Kadrun WA-nan karo perawan, sing jerene miyen adi kelase. Wonge siki agi kerja dadi PRT neng luar negeri. Dadane Darmi kaya diganjel watu, terus dijiret kenceng banget ngantek angel napas. Kaya ora percaya, jebul bojone nampani curhat wong wadon, lan wong wadon kuwe siap dadi bojo kelorone. Darmi ngerti merga maca chatingan sing unine kaya kuwe. Darmi ngakoni salah, nek wis mbukak HP ne bojone. Deweke ngerti bab kuwe. Tapi Kadrun wis kebangeten gole polah menurute deweke. Siki atine dadi kaya kaca tipis kepidek sepatu gebog. Pecah. Ukur gari remuke. 

"Apa salaeh mbantu adi kelas sing butuh curhat?" 

"Salaeh ya rika wis duwe anak bojo. Curhate sing wadon ben dijorna baen, tapi malah nampung curhate wong wedon liya. Pas rika kerja, boro-boro WA meng enyong. Tapi, rika malah rajin pisan WA-nan karo deweke. Rika lembur ben nek ora ditakoni, ora ngabari? Perasaane bojone dewek nggo plarakan, malah perhatian karo wong wedon liya. Apa bener sing kaya kuwe?" 

Saben Darmi ngomong, atine kaya diiris welad bola-bali. Ana rasa panas sing nyambangi sikile, terus munggah meng ndhuwur tekan siraeh. Siki wis wayaeh deweke EM, utawa menstruasi. Biasane, kesenggol sethithik baen perasaane wong wedon pas mangsan kaya kiye, bisa maraih reang. Apa maning anu bab sing ora dinyana. Bab wong wedon liya. 
*** 

Kadrun mangkat kerja, ora sarapan, ora pamitan. 

"Siki WFH, Kang. Ana covid 19. Deneng rika mangkat baen. Kae Bu Nani mbokan sekantor kambi rika. Wia ora mangkat kit semingguan. Rika deneng mangkat baen?" 

Kadrun ora semaur. Deweke langsung ngegas motor. Darmi lendehan saka teras. Pikirane mbayangna, nek neng sekolahan mengko, bojone ya paling chatingan maning karo adi kelase. Ngerti polaeh sing lanang kaya kiye, mending wingi ora usah nyilihi duit. Waduh, tapi ora maen nek wis nulungi gari ngromed neng ati. Apa maning ngungkit-ngungkit sing gawe lara wong sing dibantu. Darmi menyat. HP ne neng kamar moni. Atine ngarep-arep, kuwe calon pembeli cawet, beha, kaus kutang, utawa panci. Jebul salah tebakane. Ana WA kang bojone. Dawaaa. Banget. Bar maca WA ne mau kuwe, Darmi riwesan ora karuan. Deweke langsung ngunci kamar, nangis segeleme, tapi umpetan neng ngisor bantal. Deweke ora kepengin anake lanang menangi biyunge agi lara ati. Kadrun, bojone, ora tau njaluk ngapura. Nek agi kaya kiye, bukane njaluk ngapura, malah kaya sengaja nambaih kayu men murube dada tambah gede. 
*** 

Darmi esih nangis. Deweke njiot buku karo pulpen. Wong wedon sing siki matane jendhul kuwe nulis diary neng buku sing samake kembang-kembang. Bar nulis, atine mandan bolong. Siki deweke mbukak HP. Ngiklan sedela, terus nggoleti informasi lomba nulis. Matane sing siki mandan sipit, weruh ana lomba nulis kisah inspiratif. Hadiaeh lumayan gede. Juara siji limangjuta. Juara loro telungjuta. Juara telu ulih sejuta limangatus ewu. Umpamane deweke bisa juara, duite lumayan. Daripada kesuwen nangis, Darmi nggawe corat-caret rengrengan tulisan, neng buku. Jere informasine mau, dawane tulisan ana lima halaman. Ukuran kertase A4, nganggo jenis huruf TNR, spasine 1,5. Pengaturan garis pinggire 3, 3, 3, 3. Deweke ora perlu takon maning, maksude apa. O, ya. Darmi wis biasa nulis kit deweke kelas enem SD. Mbiyen rajin gawe puisi, utawane nulis cerita-cerita berkesan sing terjadi saben dinane. 

Darmi nulis men atine sing pecah bisa ditembel. 
Men ora nemen-nemen gole ngromed, karo krasa cupet. 
Darmi nulis, men ana obat nggo atine sing bola-bali kaya diiris welad. 
Darmi nulis men bisa ngamuk, neng tulisane. Ora ndupaki pot baen angger agi kesuh. 
Darmi nulis, men ulih duit. Men pisan-pisan tau nyekel duit mandan akeh, tur ora ngarep-ngarep akeh aring Kadrun. 

Apa rika siki wis nemu alesan nulis, kaya Darmi? 

PC, Yk, 10.06.2020  

Comments