Wong Lanang Sing Ngarah Menange Dewek



Design: canva

"Koe pancen ngarah menange dewek. Bener terus. Ora tau salah. Nyong tok sing salah." 

Darmi ngromed dewek neng ngarep HP. HP ne ora agi telpon sapa-sapa. Ukur dicekel tok. Niate arep telpon karo ngomeih Kadrun, bojone, tapi wurung. Ora sida. Sidane deklamasi dewek. Bar ngomong kaya kuwe, deweke nendang pot lemah ngantek guling. Terus mewek. 

Pikirane agi cupet. Kit isuk tekan arep zuhur, esih ana baen suara-suara neng siraeh.

Mbiyen enyong meteng. Koe kerja. Tek telpon kon bali. Awake nyong ora kepenak. Koe kur semaya, "Ngko sore baline." 

Nek ora, koe ngongkon nyong kon sabar. Terus maning ya. Pas wis arep babaran. Nyong telpon maning. Wetenge mules. Koe tek kon bali. Boro-boro bali. Telpone ben dipateni anu jere agi rapat.' 

Keton-ketone, nyong rumangsa ora nana regane. Regane mandan ana kur pas ndepaplang mlumah nglayani Kang Kadrun. Kwe ben kur sedela. Ibarate digawe prosentase, kaya sensus, ya kur ana 5% kang 100% sedawane wektu bareng. Darmi ngomong dewek. Karo ati. Karo pikirane. Kadrun sering banget ngutamakna penggaweane sing jan anu gajieh ben esih kaya ngeleg budin godog langka banyu. Seret.

Jan jane Darmi wis nyabar-nyabarna ati. Nrimakna diwei duit jatah belanja bulanan ya ditampani, ora ya ora tau protes. Deweke bisa dodolan apa baen nganggo sistem online. Siki kan apa-apa online. Ora bingung nemen lah Darmi. Asal atine bombong, sing seringe dibombong-bombongna, ya bisa obah. Dodol cawet, beha, kaus kutang, karo kadang-kadang dodol panci. Stoke ya anu stoke batire. Eh, ora dodol ding, ya? Darmi ukur dadi marketer. Kae luh sing promosi tok, tapi ora nduwe stok. Mengko nek ana sing tuku, Darmi ulih komisi. 

Dina pas Darmi nendang pot, isuke bojone tes ngomeih. Jerene Darmi leled banget. Ukur kon mbungkusna rames nggo sangu ben ora bisa cepet. Sidane Kadrun mangkat kerja ora nggawa rames. Ora pamit kaya biasane. Langsung ngegas motore. Atine Darmi kaya didodog karo watu gede. Siraeh kaya ntes ditempilingi bola-bali. Banyune mata riwesan ngantek sengsegen. 

Wong lanang ngarah menange dewek! 

Darmi ngedegna pot sing entes ditendang mau. Banyune mata esih gemrujug, tapi deweke gagian ngelapi pipi, amargo anake, Supri, liwat terus mandeg. 

"Mamake kenangapa sih? Nyirami deneng karo nangis?" 

Bocah kelas siji SD kuwe mau melu ndodok. Darmi wis yakin, pipine garing. Tapi matane njendul kaya bar dientup tawon gung. 

"Mamake ora nangis koh, Pri," jawabe. 
Pri kuwe kebiasaane Darmi, utawa wong-wong pas nyeluk Supri. 

Supri ngadeg karo njulukna kathok kolore sing mandan longgar. Bagian nduwure ditekuk ping telu, men kolore ora mlorod. Anu wis mandan kendur dasare. 

"Ya wis, Mak. Nyong tek nyeser iwak meng kali. Aja nangis ya, Mak. Ngko nek ulih iwak akeh, digoreng. Nek ulih urang cilik akeh, dipeyek." 

Supri langsung lunga nggawa seser werna biru sing gagange pring cilik dawa. 

"Topian, Pri. Panas," usule mamake, Darmi. 

"Siap, Makbos!" 

Supri hormat kaya hormat meng bendera, banjur mlayu meng ngulon. 

Banyune mata Darmi tambah deres mbasa anake lanang lunga. Deweke mandan nlangsa, keluargane bisa maem iwak, sering-seringe anu kasile Supri nyeser. Kadang-kadang, Supri ulih lunjar akeh. Dipeyek ngantek setoples. Kadang-kadang ulih iwak cilik, mbuh apa jenenge Darmi ora patia paham, dipepes nganggo godhong gedang. Supri wis seneng banget. 

Darmi narik ambekan dawa. Wolung taun umah-umah karo Kadrun, bab mangan ben esih urung nggenah. Darmi kepengin melung-melung, tapi sidane kur ngadeg, mlaku meng padasan, ngepasi suara azan zuhur ngelingna. Ngonoh lah, dadi wong lanang sing menangan. Kekarepane kudu dituruti, tapi hak lan kewajiban nguripi anak bojo ora nggenah. Darmi njiot rukuh. Wis bosen banget urip kaya kuwe. Atine ngomong seru banget, ngantek jantunge deg-degan banter. 

Nyong arep dadi wong sing lewih bregas. 
Lewih bisa ngapa baen. 
Lewih ngadeg jejeg. 
Lewih kang Kang Kadrun. 
Ngonoh Kang Kadrun arep kayangapa terserah. 
Nyong ngeboti anak lanang. 
Selamane Supri seneng, nyong kudu tetep seumah karo Kang Kadrun. 
Ora urusan maning karo polaeh.


Pondok Cahaya, Yogyakarta, 03.06.2020 

#ElegiDarmi
#CeritaNgapakAlaCilacap
#PenulisKawunganten 
#PenulisKelahiranCilacap

Comments