Ora Usah Kakehen Gaya



Ora kabeh kahanan urip kuwe sesuai karo impen. Kadang ya ana baen hal-hal sing marakna mangkel, utawa mbedegel. Kuwe ya dialami Darmi, Sing urung tau maca cerita sedurunge, bisa klik REZEKI SING NGAGETI

Sumonggo ingkang badhe maos kelanjutani pun.


“Mak, aku mau entes ngobrol karo Tante Puput. Jerene salam nggo mamake.”

“Puput sapa, Pri?”

“Batire bapake agi neng luar.”

“Seh, seeeh! Deneng mamake tembe krungu. Apa koe ora salah nyebut jeneng, Pri?”

“Ya ora, Mak. Tante PUPUT.”

Darmi ngromed neng njero ati.
Asem banget yakin. Sapa maning jajal kiye Puput? Bisa-bisane telepon aring anakku, nitip salam. Angger nitip duit kan mandan mending, kena nggo tuku beras. Tapi ya amit-amit lah. Masa enyong ngarep-arep duit kang wong sing urung kenal. Ya ora kewes pisan. Kudune kan ngarep-arep duwit aring bojone. Walaaah, lewih ora jelas maning bojoku. Kit corona mbok wis ora ulih honoran kang sekolahan. Mangan, listrik, banyu, gas, sekabehane dadi urusanku. Kasil dodol cawet, beha, karo kaus kutang, pokoke mlebu kabeh mengonoh.

Bab Puput kiye enyong kudu ngerti. Sapa janeh. Ketone ya dulure ora nana sing jenenge Puput. Apa anu dulure sing urung tahu dicritakna ana sing jenenge kaya kuwe, apa anu kepriwen? Jan, nambaih pikiran baen kae wong ya. Kiye urung bali maning wonge. Wis tek enteni kit mau, arep tek takoni, jere Supri agi ngendong nengggone warung. Mampir ngendi janeh kae wong? Wis wengi urung bali. Gerimis maning neng njaba.

Sidane Darmi ngantek ngantuk. Deweke ora ngerti pas Kadrun bali. Ijig-ijig pas wengi, nglilir, Darmi krungu suarane ngorok. Karo nahan ngantuk, deweke menyat , kelingan urung sembayang Isya. Sembayang gipit, mbok bablas meng akherat, kan ora ninggalna sembahyang. Senajana banyune adem, gelem ora gelem ya kudu gelem wudhu. Bar kue solat. Jadwale biasane nek solat Isya maca surat Al-Kafirun karo Al-Qori’ah. Anu karo ngapalna, men juz 30 ora pada bubar. Kit mbiyen arep ngapala juz 29 esih areeep baen. Ora gutul-gutul.

Rampung sembayang, ana HP nggletak neng sanding lemari rukuh. HP ne Kadrun. Darmi langsung kelingan laporane Supri mau sore. Tangane langsung nyaut HP ne Kadrun. Jan-jane biasane Darmi jarang urusan HP ne bojone, tapi siki agi penasaran. Sapa jane Puput. Terus cek nomer WA ne. Ngetik huruf P terus huruf U. Lah, ana jenene Puput Wona. Seeeh. Atine Darmi misuh-misuh. Kurang ajar kiye. Enyong pas agi kae tau takon, denenga akun FB ne bojoku ganti jeneng dadi Kadrun Wona, jerene singkatan Wong Indonesia. Lah siki denengan jenenge Puput aba Wonane? Anggere kuwe singkatan kang Wong Indonesia, kan ya kudune kabeh-kabeh dijenengi pada. Duh, kurang ajar banget kiye.

Dadane Darmi munggah-mudun ora teratur. Seawak dadi panas. Mbededeg banget rasane. Masa kembaran jeneng karo wong liya, tapi ora karo sing wedon. Apa petha?. Apa karepe kae wong janeh? Sebab penasaran, sidane nomere Puput Wona diklik. Pikirane Darmi penasaran, apa ingsine WA-nan karo bojone.

Tangane Darmi ngontalna rukuh ngisoran meng pojok lemari. Karo mrengut, deweke nguwel nduwurane rukuh, terus diontalna meng nduwure. Wong wedon sing rambute sepundak kuwe njagong ndodok neng pojok pesolatan. Dengkule lemes, awake tambah panas lan gemeter.

Owalaah Kaaang. 
Tegaaa rika.

Darmi langsung ngadeg. Nguatna dengkul nggo nopang awak. Mlaku cepet meng peturon. Neplak pundake bojone seru banget.

“Tangiii!”

“Ana apa, Mak? Deneng kaya kesurupan gugah-gugah ayewene?”

“Iya. Enyong kesurupan. Kiye jajal dicritakna. Puput sapaaa? Kakehen gaya WA-nan karo wong wedon 
liya, ya? Honor be ora nana, ganjen! Lenjeh! Reseh! Sapa kuwe Puput?! Sapaaa, Kaaang!?”
Kadrun langsung njegagik. Njagong matane mendelik, kaya uilang ngantuke.

“Batirku, Mak. Batir.”

“Batir kepriwen koh? Kye diwaca, deweke gelem dadi bojo keloro. Ujar-ujare nyong buta huruf apa ora teyeng maca?”

“Ya anu batir, Mak. Nek nyong karep, wis tek bojo kit mbiyen.”

“Ya ora nana critane selingkuh rasa dibojo. Kiye arane rika wis selingkuh rasa. Gayeng WA-nan karo wong liya, ora tau ngabari bojone kapan wektune bali. Rika kebangeten Kang. Jajal anak bojone diopeni sing genah. Ora kapiran. Anak bojone be keluletan malah rika lenjeh-lenjehan. Mudun! Turu njaba!”

“Gerimis, Mak.”

“Ora urusan. Metu! Turu jaba! Rika ora pantes turu karo nyong!”

“Mak. Tegel temen rika?”

“Rika lewih tegel, Kaaang!”

Darmi nagis ngguguk.
Ngerti-ngerti Supri wis neng sanding lawang kamar.

“Rika ngimpi apa, sih, Mak? Denenga nangis kaya kuwe? Bapake sih ndi? Deneng urung bali?”

Darmi ora semaur aring pitakonane Supri.

“Turu baen, Pri. Mamake ora papa.”

Udan deres mudun.

Supri mbalik, mapan turu. Darmi ora urusan Kadrun neng teras kademen apa ora. Atine Darmi lewih lara. Lara banget kaya ditendang, diorag-orag, terus dicacag-cacag seporete. Kiye udu sing pertama, dadine deweke ngadul-adul rasa sing ora genah neng njero dada.

Rika pada sing ora bisa njaga perasaane wong wedon, sing wong wedone penggaweane akeh nengumah, terus rika gaweane neng njaba ganjen-ganjenan karo wong wedon liya, ati-ati ya, dongane wong wedon kuwe mandhi banget. [] ----- 

Maaf tanpa terjemah, sedang mencari teman-teman pembaca dari wilayah ngapak. Terima kasih.

Comments

  1. Hhahahaha,gw ngerti nih,4 tahun di purwokerto,terus kelanjutannya gimana nih kak?

    ReplyDelete
    Replies
    1. Terima kasih untuk kunjungannya, Mbak. Kelanjutannya in sya Alloh masih ada.

      Delete
  2. Enter your comment...Teruse kepriben kue yu

    ReplyDelete

Post a Comment

Terima kasih sudah berkunjung ... sangat senang bila Anda meninggalkan komentar, atau sharing di sini. Mohon tidak meninggalkan link hidup.

Salam santun sepenuh cinta
Kayla Mubara