![]() |
wujude buku |
Enyong njaluk
ngapura kie. Siki dewek umuk buku, ya? Ujarkua umuk listrik mundak, apa-apa
larang koh ora nana rampunge. Pol pole ya ukur umuk. Ora dadi tambah padang
pikirane, malah dadi kemrungsung. Ora kepenak banget mbok anggera kemrungsung?
Kie ana buku
anyar. Judule Jangan Jadi Cewek Cengeng. Aja ngguyu gipit. Kie pancen nggo
bocah nom-noman bahasane. Rika esih nom apa setengah mambu lemah? Hyahahaha. Santai
baen lah. Enyong ben wis ngumur. Ngerti ora rika, sing marakna enyong tetep rumagsa
enom, njur ora ketinggalan jaman? MACA. Sepisan maning MACA. Kuwe ya, Yu, Kang?
Dadi udu mergane nganggo produk sing kaya nang tipi. Uduuuuu!
Buku sing lamake
jambon kie, ngrembug perkara sing sering dialami nang bocah wadon. Rika ndue
mbok anak, putu, dulur, sing wadon? Nah, cocog banget kie maca buku kie. Kepriwen
deweke? Aleman? Nangisan? Ciwek? Yahahahaha. Wis ora njaman siki bocah wadon
aleman. Uncalna baen meng karangan nek aleman. Disekolah-sekolahna nemen-nemen
koh aleman. Uja-ujare ora rekasa apa gole kiyangkaban?
Rika esih
kelingan Sri Kandi apa ora? Nah, nek kepengin dulur, anak, putune rika mandan
kaya Sri Kandi, cem! Lanjut waca tulisan kie. Kuwe njajal gole angob aja
amba-amba. Mbok ana laler lagi latian mabur, mlebu, mengko rika keplekiken lah.
Dadi gawe maning.
Buku kiye kabeh
pembahasane ana papat. Dadi bocah aja ciwekan, enyong perkasa, kekuatane bocah
wadon, kambi dalan sing bisa dilakoni cah wadon. Oya. Kabeh tulisan nang buku
kie ora marakna mumet. Bahasane amoh, kaya tahu dipresto lah pokoke.
Salah sijine
cara men ora dadi bocah ora aleman, ya aja baperan (kye anu isitilah mandan
gaul. Baper jarene maksude bawa perasaan. Wis, lumayan kan dadi reti bahasa
gaul seuprit. Daripada ora?). Terus Kudu dadi bocah KIPOP. Apah? Ya udu. Udu artis-artisan
Korea. Kiye singkatan kang (K)uat, (I)khlas, (P)antang menyerah, (O)ptimis,
kambi (P)ositif. Penjabarane ya ora gep tek omongna nangkene, mengko tambah
manglur-manglur ora umum. Tapi enyong ya ngandel, rika kabeh wis pada mudeng
intine. Nek kurang penjelasane, langsung baen maca bukune.
Ora mukur umuk
teori, kie buku. Ana cerita-cerita sing anu mau-maune pengalamane wong,
ditulisna nangkene. Tujuane ya, men dewek ngerti, akeh wong nangjaba kana sing
lewih sengsara, lewih tekun gole usaha, njur terakhire happy ending. Ealah ya.
happy aending kue mau ya pol-pole seneng. Kesenengan sing diunduh, bar nglakoni
rekasa. Enak sih temen, garep seneng ora gelem rekasa!
Gyeh! Cerita sing
marakna enyong mrebes mili ya ana koh nangkene. Kye ana wong wadon, wis tua,
urung due bojo, tapi apikan banget. Wonge sumeh. Njajal, rika ngilo gipit kae
nganah! Mesem. Nah, rumangsa sumeh apa urung? Mbalik maning meng isi buku kie. Kae
mau wonge anggep bae jenenge Dewi. Duwe lara, penyakit sing nang dokter wis
divonis ora duwe umur dawa. Wis garep inna lillahi jarene. Tapi, Dewi tetep
semangat. Terus baen sering aweh maring sapa bae. Ora pilih-pilih pokoke. Kue penyakite
wis ngantek sepuluh tahun luh. Anu kawitane sih, jere wetenge lara nek lagi EM
(haid).
Dewi kenang
kangker rahim. Duh Gusti ... wis lah. Enyong memblep-memblep maning kie. Kelanjutane
diwaca lah ya? Perjuangane Dewi ngantek ulih jodoh, ngantek ngliwati titi
mangsa vonis, komplit nangkene. Wis jan. Subhanallah banget kie.
Kita
boleh kehilangan apa pun di dunia ini, namun tidak boleh kehilangan semangat
dan harapan. Karena itu berarti kematian. (latar 99).
Terus, ya?
Jere buku sing
kandele ngantek 208 latar kie, bocah sing aleman kuwe nek ....
- Nduwe perasaan lewih nangisore wong liya. Kie mau jeneng kerene INFERIORITY COMPLEX.
- Senenge nggoleti kambing hitam. Kie maksude udu weduse Kang Samidi, ya? Kie anu penggawean sing aben ndinane ugur nyalahna wooong baen. Salah dewek, sing disalahna wong liya. Hu-w-uh!
- Bocah aleman kuwe sing ora gelem rekasa, tur senenge mlayu kang kenyataan. Maraih eneg banget mbok nek kaya kie?
- Bocaeh Baperan (kaeh manjat, mau wis tek tidoki artine baper).
- Penggaweane ngeluuuh baen. Sithik sithik ngeluh. Uripe karo ngelueh nek di-itung-itung, kayane akeh ngelueh. Wis. Bener banget pancen oncalna karangan.
Kie enyong garep
kelalen. Buku kie sing nulis, anu miyen-miyene kan melu lomba. Nah, sing lolos,
tulisane pada nang buku kie. Ehem. Ehem. Alhamdulillah, enyong ya melu katut. Ya,
nyicil lah gole urun dadi buku.
Wis cem! Mangkat
meng kutha, terus tuku buku kie. Timbangan rika pada ngrasani wong (apa maning
siki bulan puasa), mending maca. Kaya kuwe mbokan?
Ya wis. Enyong njaluk
ngapura kie, mbok gole umuk nglarani rika. Rika ya wis tek ngapura kabeh kekeliruane,
sing wingi, winginane, miyen ya iya. *aja
dibrengkolang sandal lah ...
Kie info bukune :
Judul : Jangan Jadi Cewek Cengeng
Penulis : Linda Satibi, dkk.
Editor : Muridatun Ni'mah
Penerbit : Indiva Media Kreasi
Desain Sampul : Andhi Rasydan
Terbit : April 2017
Kandele : 208 latar
ISBN : 978-602-6334-18-3
Rega : 50 Ewu
Wahahaa inyong ngerti kiye artine soale wong ngapak jg, slm dari kebumen city
ReplyDeleteJiahahahah. Oke, Mbak. Salam kenal.
Delete